Kamis, 17 Maret 2016

contoh geguritan

MENDUNG NGUBENGI JAGAD
                         Dening: Beti Mustika Rini

 Yen nyawang biruning langit
Ati  iki tentrem ayem
Angin sumibrit nggawa cendana
Manuk ngoceh ing pakebonan
Nambah endahing warna dunya
      Nanging............
      Lakune waktu kaya kilat
      Kabeh ilang tanpa tilas
      Kabeh namung ninggal impen
      Impen kang durung mesthi teka
Siki.............
Biruning langit dadi klawu
Tentreming ati malik was sumelang
Ocehing manuk ora keprungu maneh
Yekti sepi........
      Yen jagad iki bisa ngucap
      Dakkira bakal sambat
      Ya mung dadi pitakonku
      Kapan mendung iki bakal was sumilak
      


Tidak ada komentar:

Posting Komentar