Kamis, 17 Maret 2016

CONTOH SERAT ULEM

Nambut Silaning Akrami
Ari Yogo Prasetya, S.Pd.
Putra Bpk. Mardoko, S.Pd. / Ibu Purwati
Tempuran, Balecatur, Jember
Kaliyan
Nanik Dwi Handayani, Amd.Keb.
Putri Bpk. Saiful / Ibu Sumini
Ngampelrejo, Tegalrejo, Jember
Ingkang sampun nindakaken syariat agami Allah, serta tuntunaning Rasullah, kanti dhaup suci
dinten Jumat, 9 April2014, wanci tabuh : 08.00, wonten ing Masjid Darus Sholihin Ngampelrejo
Kencong, April 2014
Assalamu’alaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Winantu sagunging pakurmatan, kanthi lumaraping nawala sedhahan,
minangka sesulih pisowan kula wonten ing ngarsa panjenengan,
sinartan nyadhong berkahing Gusti Ingkang Maha Tunggal,
kula sebrayat hangadhahi pangangkah badhe ngawontenaken syukuran
tuwin pawiwahan dhauping sri penganten anak kula,
Dinten : Rabu
Surya Kaping : 14 April 2014
Wanci Tabuh : 11.00 – 14.00 WIB
Mapan ing : Dusun Tempuran, Balecatur, Kencong
Setuhu badhe damel bombong saha mongkoging manah kula sebrayat,
bilih dhangan ing penggalih saha sepen ing sambekala Bapak/Ibu
kepareng rawuh hangestreni saha paring puja pangastuti
dhumateng anak kula sri penganten, supados dados kaluwarga ingkang bagya mulya.
Wasana kula sagotrah hangaturaken agunging panuwun
saha nyuwun lubering pangaksami sadaya kekirangan dalah kalepatan kula.
Wassalamualaikum Warahmatullahi Wabarakatuh
Atur Taklim Kula
Bpk. Mardoko, S.Pd.
Ibu Purwati
Ari & Nanik
SUMBER: www.dani-craft.com

Tidak ada komentar:

Posting Komentar